Pages

Sunday, November 28, 2010

Dhuwit

Bocah kok dhuwat-dhuwit bae
Aku rak wis kandha yen ora duwe dhuwit
Besuk yen aku duwe dhuwit kowe dakwenehi

Bocah mangsuli
Besuk durung karuan duwe
Duwe durung karuan menehi
Prelune saiki

Wose kowe kena njaluk apa bae
Saliyane dhuwit anggene

Amarga dhuwit kuwi yen sethithik cukup
Yen akeh kurang
Mangka kowe bisa dadi bendara kang kuwasa
Sarta batur kang setya

Dhuwit dadekna batur
Parentahen amrih dumulur
Dhuwit aja nganti dadi bendar
Kang marentah nguwasani jiwa lan raga

Bocah mangsuli
Kuwi teyori
Aku njaluk dhuwit saiki
Yen ora nggawa dhuwit aku bali
Ora tampa rapot karo kanca aku risi
Ora sida jajan ing kafene Yuti

Bocah aja gawe prekara
Sanadyan dhuwit iki minangka
Sumber-sumbering prakara ing alam donya
'nervus rerum gerendarum pecunia'
Mengkono filsuf Yunani ngendika

Bocah meneng
Wong tuwa kodheng
Krungu filsafat, ora mudheng

Lha njur kepriye
Ya wis ngene
Iki formula panglipure
"do it" mengko rak dadi dhuwit

No comments:

Post a Comment